Satleraman Maos Novel Alun Samudra Rasa (2015) Ardini Pangastuti
Saturday, January 14, 2017
Edit
Disampaikan
pada acara bedah buku (novel) yang diselenggarakan oleh SSJY pada 9 Agustus
2015 di Balai Bahasa DIY.
1. Para
sutresna basa lan sastra Jawi, setunggal malih sampun kababar novelipun Mbak Ardini
Pangastuti, Alun Samudra Rasa, ingkang
kacithak dening penerbit Suryasamudra, Ngayogyakarta, Mei 2015. Novel menika
mujudaken novel ingkang kaping sekawan, lan novel ingkang sampun kababar saderengipun,
inggih punika Bumerang, Nalika Prau
Gonjing, lan Lintang. Novel
ingkang badhe kababar malih Kajiret Jaring
Sutra, Tangis Biru, Rembulan Wungu, Kidung Sukma Larasing Jiwa, Pilihan,
lan sanes-sanesipun.
2. Maos
novel Alun Samudra Rasa estu kula
rumaos mongkog sanget. Liripun, katitipriksa wujudipun, Mbak Ardini estu
kagungan napas ingkang landhung, menika ketingal saking kandelipin novel 341
kaca. Lan malih, menawi katitipriksa saking caranipun crita, Mbak Ardini kados
pidamel cara enggal, inggih menika saben perangan kawiwitan kanthi guritan.
Kula kraos bilih guritan wonten ing saben perangan menika mujudaken inti crita
wonten ing perangan menika. Cobi kita raosaken sesarengan. Mbok bilih, menawi
guritan menika pun pethil-pethil, lajeng pun dadosaken setunggal lan kawaos
piyambak kanthi urut, kadosipun sampun sami kaliyan maos novel menika.
3. Nanging,
emanipun, rikala kula maos novel menika kanthi premati, wonten sekedhik ingkang
kraos ngganjel, mliginipun babagan basa. Kula pitados bilih basa ingkang
karacik dening Mbak Ardini menika sampun sae, alus, lan mujudaken menawi
piyambakipun estu trampil nyerat. Namung, taksih wonten basa Indonesia ingkang
sejatosipun saged dipun racik ngangge basa Jawi. Babagan menika sah-sah
kemawon, nanging kok raos nges-ipun rade pripun.... Lan ugi, kados editoripun
kirang njlimet awit kaca 2 wonten ingkang saruuuuu... ha ha ha.
4. Para
sutresna basa lan sastra Jawi, menawi novel menika katinting saking isinipun, kraos
sanget bilih Mbak Ardini menika estu Jawi sanget, ingkang suka paring pitedah
dening sesami (liyan), magepokan kaliyan babagan bebrayan. “Iki lho, nek wis
rabi ki yo mbok aja kaya ngono kuwi. Nikah lagi 4 taun wae wis padha ora
nggenah. Mbok ya dipikir kanthi mateng lan tenanan. Sing wis kebacut ya wis,
sing baku piye carane ngadepi dina-dina kang bakal klakon. Harataya... nek
pegatan ngono kuwi yo njur mesakake anake to...” Lan malih, pitedah menika
karacik wonten ing crita ingkang gampil katampi, mboten dakik-dakik, cetha
sanget.
5. Nanging,
awit saking menika, awit saking samudayanipun sampun cetha, kados-kados ingkang
gegayutan kaliyan menthes mbotenipun menika, pancen sastra Jawa mboten saged uwal
saking sipatipun ingkang romantik melodramatik.
6. Para
sutresna basa lan sastra Jawi, wonten ing novel menika, kula kraos bilih
naratoripun tumindak dados “dewa” ingkang pirsa sedayanipun. Nanging, menawi
pikantuk kula sebat bilih narator menika panyeratipun piyambak (Mbak Ardini),
lan Mbak Ardini menika estu sanes “dewa” nanging namung jalma sawantah jinising
wanita, pramila anggenipun njlentrehaken watak-watakipun priya kados wonten
ingkang kados pundi....ngaten lhoo.
7. Para
sutresna, kula kinten, menawi dipun tinting kanthi tebih, kula kraos bilih
Bregas Jatmiko menika namung dados korban kapitalisme. Saged dipun wastani
makaten awit ingkang dados underan prekaos piyambakipun menika inggih namung
bandha-donya. “Arep mulyaake anak bojo wae direwangi nyambut gawe rina wengi,
pindhah-pindhah gawean, supaya age-age oleh pikoleh sing gedhe lan supaya
dianggep migunani kanggo keluarga. Nanging amarga kuwi kabeh wis kedhisikan
bojone, Intan Purnami, lan pikolehe bojone luwih gedhe, banjur kaya kebrongot
jenggote, nesu, ngamuk.” Nah, kedadosanipun, perang brantayuda. “Kok ya le
gamping ngono lhoo...”.
8. Para
sutresna, kula kinten, menawi dipun tinting kanthi tebih ugi, kula inggih kraos
bilih Intan Purnami menika namung dados korban feminisme. Pun wastani makaten
awit saking paugeran bilih wanita menika jejering jalma ingkang mboten benten
kaliyan priya, lajeng gampil sanget anggenipun “purik” amargi dipun “tapuk”
kakungipun. “Kamangka loro-lorone sarjana, kabeh padha pinter, isa padha
rembugan apik-apik. Ora njuk gaman kang dingo, sithik-sithik KDRT. Intan ki rak
wanita Jawa too? Didelok seka keluargane kayane yo Jawa banget...priyayi...
ngerti apa kang kasebut sareh lan sabar.”
9. Para
sutresna, sepisan malih, novele Mbak Ardini menika landhung. Nanging, menawi
dipun tingali saking bakuning crita, kula kraos kados crita cekak kemawon.
Awit, critanipun makaten: na Semarang, gara-gara padu, Intan purik nyang wong
tuwane (Jogja). Na Jogja Intan ketemu tilas pacare (Pramudita). Bali na
Semarang, Intan-Bregas njuk pegatan. Bali na Jogja, Intan bukak usaha kabantu
dening Pramudita. Pungkasane, Ines, bojone Pram, nesu. Rampung.”
10. Para
maos, estu mboten klentu menawi crita novelipun Mbak Ardini menika gampil
sanget dipun tampi. Pas sanget kangge patuladan (ironi), kangge kaca benggala,
babagan bebrayan. Awit, panyerat mboten ngracik crita kanthi landhesan
filsafat. Sadrema crita menapa wontenipun ingkang saged dipun serep lan dipun
tingali kanyatan padinan (menika sampun kathah dipun mot wonten koran-koran,
majalah, lan televisi). Mbok menawi, jan-janipun, langkung sae, langkung manteb,
langkung jero, menawi --mugi-mugi kemawon samangke-- Mbak Ardini ugi nglandhesi
novel-novelipun ngagem landhesan filsafat, mliginipun filsafat Jawi menapa dene
filsafat manungsa umumipun.
11. Menika
namung satleraman, mboten ateges paring panyacat, ing pangancas Mbak Ardini
mboten goreh. Matur nuwun.
Ngayogyakarta, 9 Agustus 2015